Sekolah Yo

SEKOLAH YO
                Saiki ambin ro gambing wes dadi wong sugeh lan gaul tenan. Gambing seng biasane dolan karo gembol tabung gas gen katongane ketok gede jare gen nak disawang uwong2 dite ketok okeh, tapi saiki wes ana peningkatan saiki genti gembol kompor gas e. Ambin yo ora kalah seng biasane ger dilati turahan caos nang plastik bekas some saiki wes isoh jajan dewe. Tukang somene ya ngasi kaget. Ambin seng senengane ngoleksi sunduk some saiki wes brubah dadi wong bois lan britis.
                Ceritane ambin ro gambing disekolahke bude2 seng due kedai le wis ditulungi biyen.
                Esuk-esuk ambin wes ubet dewe nyepake opo2 seng arep digawa sekolah. Ana pacul aret panci kulkas lan barang2 seng go nukang. Ambin le krungu2 kabar jare nak nang sekolah ki sumuk banget, dadi dee langsung marani ibuke jileh daster ibuk jare nak engko sumuk arep go salin ngunu.  Ora lali hasduke tetep digawa.
                Ambin seng lagi ubet dewe nywang sodarane lagi ngaca suwene ngasi sak windu.
                “mbing koe ngpa ngaca terus?” takoke ambin.
                “aku meri ro kanca2 mbin”
                “loh la ngapa?” ambin sontak kaget lalu salto koprol2 masuk jurang.
                “deloke nyo, udelku geser sitik kie, ora kaya kanca liyane!” omonge gambing sedeh karo ngemut galon.
                “alah ora popo aku biyen malah udelku jedul rambute, malah luweh parah tow, cepet siap-siap skolah” Jare ambin. Gambing langsung bangkit dari keterpurukan.
                Gambing dadane jan ganteng tenan. Nganggo sepatu bal cangkeme disumpeli sempritan ora lalu nganggo hasduk gen tambah ganteng. Nang dalan gambing mlakune karo ngajoke weteng disambi tepuk pramuka, jare gen do mudeng nak de e saiki wes skolah. Ambin ora gelem kalah de e mlakune go gaya poco2 semu dangdutan.
                Jebule omahe gambing ro ambin jan adoh tenan karo skolahe. Cah loro kui do bingung tenan wedi telat. wes ngetotke banyu got yo ra ketemu, ngetotke mbak2 ayu yo ra ketemu akhire ana wong bakul some lewat ngetut ke kui akhire ketemu sekolahe.
                Ambin ro gambing jan ra nyangka tenan isah ketemu skolahe. Jebule skolah ki ora ger mitos. Jan kagum tenan bangunane gede banget ngasi isoh dileboni mobil karo montor, awan-awan we nguripe lampu apa bayare ra larang ya, pikire cah loro kui. Setelah 3 jam ger nyawang tok. Tanpa pikir panjang ambin dengan gaya iwak pesute mlayu melbu sekolahe gambing gulung2 ngetotke. Anehe pas de e melbu gerbang kabeh muride malah do metu, ambin ro gambing sontak kaget lalu koprol2 sambil tepuk pramuka.
                Jebule sekolahhe wes bubar wes tamat. Pikire gambing kesempatan go sekolah wes reneng neh. Amarga sekolahe wes rampung, akhire cah loro kui ger isoh gulung2 kambi ngemut dengkul nang ngarep gerbang.
 

pengen gaul


Hasduk Ngrubah Uripku lan Sedulurku.

                Cerito iki wiwitane saka ambin karo gambing kepengen dadi wong gaul. Dadi cah loro kui seneng nongkrong nang panggone bocah enom-enom gaul yaiku ora bener ora salah ngarep kedai pramuka.  Ngapa ngarep kedai pramuka soale biasane saben dina jumat cah loro kui delok mas karo mbak-mbak okeh banget nganggo klambi coklat, nganggo pring dicat merah putih, nang gulune ana gendero merah putih seng jenenge hasduk kui lan nang katoke ana tali dadunge. Wong loro kui ngirone kui dadanan anak gaul jaman saiki. Maklum ambin karo gambing kan soko pelosok hurung sue pindah kuto ngrasakke wedang kulkas pisan we awake podo drodoki kabeh.
                Mumpung tanggal enom gambing karo ambin ngrayu ibuke nganti klesotan mlupat-mlupat kambi tepuk pramuka jaluk ditukokke sadangan gaul jaman saiki. Sanajan ibuke mesakke karo anake le prengus klambi seminggu mung ganti pisan kui nang pikire ora popo lah itung-itung sesok bokdo ora usah nukoke eneh.
                Esoke jam 2 nan pas waktune cah-cah gaul podo mangkat nang bascame masing-masing, gambing karo ambin cus nganggo klambi seng apik dewe mantolan karo helman nganggo sepatu bal. Gambing karo ambin jan seneng tenan wektu tekan ngarep kedai pramuka bocah gaul-gaul mau lagi podo nglumpuk.
                Gambing, “wah bin pas tenan yo pas awak dewe arep  tuku malah ketemu senior-senior engko sisan isoh joh warah dadi cah gaul, alhamdulillah.”
                Ambin, “wah iyo bing.. jan cah ganteng kie niat kebak bejone”
Cah loro kui mlaku nganggo gaya dangdutan karo nyebuli sempritan. Dengan bakat alami seng didueni gambing hurung sido tekan tokone wes bengok.
                “bude,, tumbas klambi gaul 2 lengkap kaleh accerosise” sire gen uwong-uwong podo krungu nak cah loro kui dadi calon bocah gaul.
                Gambing karo ambin jan seneng banget. lagi demek kaine awake podo mrinding kabeh langsung wae dite seng kringcing kabeh diuncalke. Cah loro kui langsung mlayu golek kebonan kanggo salin gen ndang isah nggaul. Cah loro kui le salin sue banget ora amarga dandan gen ketok tambah klimis n britis tapi amarga ora mudeng carane nganggo. Saking kesusune katoke dinggo gambing kabeh klambine dinggo ambin kabeh yawis dibaleni maneh untunge setelah etok rahmat sangking maha kuwaos klambi lan katoke wes bener nyetil demes jan ketok ganteng tenan, tapi accecorise hurung isoh dipasang. Gandeng selak kusuen akhire dinggo sak isohe. Hasduke di tali pati nang gulune, taline di gubetke nang bolongan stut lan tongkate di emut gen ketok gaul koyo gon tipi-tipi.
                Bener wae pas tekan kono ora ana sopo-sopo ger ana bude-bude seng dodol dodol seng mpun radi sepuh karo ana cah gaul ger 1 tok. Cah loro kui jan sedeh tenan padahal wes dandan klimis ngene tapi malah wes podo bubaran. Langsung wae podo deprok klesotan nganggo  gaya kupu karo mengemut dengkul mewek tersedu-sedu.
                Reti-reti “TULUNG TULUNG TULUNG MALING MALING” jebule suara bude-bude jogo kedai. Bude ne nuding-nuding mas-mase seng gaul mau seng lagi mlayu bribit nganggo gaya iwak pesut. langsung wae ambin seng terkenal sebagai bolang langsung ngetokke langkah bidadarine kanggo ngoyak maling. Tapi gambing seng dasarane kabotan awak mung klesotan kambi mlongo delok sedulure beraksi.
                jebul e malinge mau ya cepet tenan, padahal ambin ger jarak 1 meter saka malinge tapi ora kecekel-cekel, utunge mripati ambin jeli de e delok hasduke malinge klebet-klebet langsung wae ditarik hasduke, malinge mau langsung sentik-sentik ra isoh ambegan.
                Akhire kecekel di ewaki  uwong-uwong maling e digiring menyang kantor polisi. Jebule maling mau kui buronan nang ngendi-ngendi pinter nyamar lan gesit koyo iwak cupang.
                Ambin nganggo langkah gaul e di iringi soraksorak para warga seng delok aksine mau menyang kedai kanggo balekke colongane mau. Nang kedai wes ana gambing karo bude kedai nunggu karo ngombe es degan.
                Jebule bude-bude sepuh mau wes ora due sapa-sapa eneh dadi ambin karo gambing diangkat dadi anak angkat lan ngewarisi kedei pramukane mau. Saiki gambing karo ambin wes dadi cah gaul tenan uwong-uwong wes do kenal ora disepelekke eneh.
                   nah kui awal-awalane ambin ro gambing dadi wong sugeh.
               
 

Blogger templates

Pengikut