SEKOLAH YO
Saiki ambin ro
gambing wes dadi wong sugeh lan gaul tenan. Gambing seng biasane dolan karo
gembol tabung gas gen katongane ketok gede jare gen nak disawang uwong2 dite
ketok okeh, tapi saiki wes ana peningkatan saiki genti gembol kompor gas e.
Ambin yo ora kalah seng biasane ger dilati turahan caos nang plastik bekas some
saiki wes isoh jajan dewe. Tukang somene ya ngasi kaget. Ambin seng senengane
ngoleksi sunduk some saiki wes brubah dadi wong bois lan britis.
Ceritane ambin ro
gambing disekolahke bude2 seng due kedai le wis ditulungi biyen.
Esuk-esuk ambin
wes ubet dewe nyepake opo2 seng arep digawa sekolah. Ana pacul aret panci
kulkas lan barang2 seng go nukang. Ambin le krungu2 kabar jare nak nang sekolah
ki sumuk banget, dadi dee langsung marani ibuke jileh daster ibuk jare nak
engko sumuk arep go salin ngunu. Ora
lali hasduke tetep digawa.
Ambin seng lagi
ubet dewe nywang sodarane lagi ngaca suwene ngasi sak windu.
“mbing koe ngpa
ngaca terus?” takoke ambin.
“aku meri ro
kanca2 mbin”
“loh la ngapa?”
ambin sontak kaget lalu salto koprol2 masuk jurang.
“deloke nyo,
udelku geser sitik kie, ora kaya kanca liyane!” omonge gambing sedeh karo
ngemut galon.
“alah ora popo aku
biyen malah udelku jedul rambute, malah luweh parah tow, cepet siap-siap skolah”
Jare ambin. Gambing langsung bangkit dari keterpurukan.
Gambing dadane jan
ganteng tenan. Nganggo sepatu bal cangkeme disumpeli sempritan ora lalu nganggo
hasduk gen tambah ganteng. Nang dalan gambing mlakune karo ngajoke weteng
disambi tepuk pramuka, jare gen do mudeng nak de e saiki wes skolah. Ambin ora
gelem kalah de e mlakune go gaya poco2 semu dangdutan.
Jebule omahe
gambing ro ambin jan adoh tenan karo skolahe. Cah loro kui do bingung tenan
wedi telat. wes ngetotke banyu got yo ra ketemu, ngetotke mbak2 ayu yo ra
ketemu akhire ana wong bakul some lewat ngetut ke kui akhire ketemu sekolahe.
Ambin
ro gambing jan ra nyangka tenan isah ketemu skolahe. Jebule skolah ki ora ger
mitos. Jan kagum tenan bangunane gede banget ngasi isoh dileboni mobil karo
montor, awan-awan we nguripe lampu apa bayare ra larang ya, pikire cah loro
kui. Setelah 3 jam ger nyawang tok. Tanpa pikir panjang ambin dengan gaya iwak
pesute mlayu melbu sekolahe gambing gulung2 ngetotke. Anehe pas de e melbu
gerbang kabeh muride malah do metu, ambin ro gambing sontak kaget lalu koprol2
sambil tepuk pramuka.
Jebule
sekolahhe wes bubar wes tamat. Pikire gambing kesempatan go sekolah wes reneng
neh. Amarga sekolahe wes rampung, akhire cah loro kui ger isoh gulung2 kambi
ngemut dengkul nang ngarep gerbang.
0 komentar:
Posting Komentar