Hasduk Ngrubah Uripku lan
Sedulurku.
Cerito iki wiwitane saka ambin karo gambing kepengen
dadi wong gaul. Dadi cah loro kui seneng nongkrong nang panggone bocah
enom-enom gaul yaiku ora bener ora salah ngarep kedai pramuka. Ngapa ngarep kedai pramuka soale biasane saben
dina jumat cah loro kui delok mas karo mbak-mbak okeh banget nganggo klambi
coklat, nganggo pring dicat merah putih, nang gulune ana gendero merah putih seng
jenenge hasduk kui lan nang katoke ana tali dadunge. Wong loro kui ngirone kui
dadanan anak gaul jaman saiki. Maklum ambin karo gambing kan soko pelosok hurung
sue pindah kuto ngrasakke wedang kulkas pisan we awake podo drodoki kabeh.
Mumpung tanggal enom gambing karo ambin ngrayu ibuke nganti
klesotan mlupat-mlupat kambi tepuk pramuka jaluk ditukokke sadangan gaul jaman
saiki. Sanajan ibuke mesakke karo anake le prengus klambi seminggu mung ganti
pisan kui nang pikire ora popo lah itung-itung sesok bokdo ora usah nukoke
eneh.
Esoke jam 2 nan pas waktune cah-cah gaul podo mangkat
nang bascame masing-masing, gambing karo ambin cus nganggo klambi seng apik
dewe mantolan karo helman nganggo sepatu bal. Gambing karo ambin jan seneng
tenan wektu tekan ngarep kedai pramuka bocah gaul-gaul mau lagi podo nglumpuk.
Gambing, “wah bin pas tenan yo pas awak dewe
arep tuku malah ketemu senior-senior
engko sisan isoh joh warah dadi cah gaul, alhamdulillah.”
Ambin, “wah iyo bing.. jan cah ganteng kie niat kebak
bejone”
Cah loro kui mlaku nganggo
gaya dangdutan karo nyebuli sempritan. Dengan bakat alami seng didueni gambing
hurung sido tekan tokone wes bengok.
“bude,, tumbas klambi gaul 2 lengkap kaleh
accerosise” sire gen uwong-uwong podo krungu nak cah loro kui dadi calon bocah
gaul.
Gambing karo ambin jan seneng banget. lagi demek
kaine awake podo mrinding kabeh langsung wae dite seng kringcing kabeh
diuncalke. Cah loro kui langsung mlayu golek kebonan kanggo salin gen ndang
isah nggaul. Cah loro kui le salin sue banget ora amarga dandan gen ketok
tambah klimis n britis tapi amarga ora mudeng carane nganggo. Saking kesusune
katoke dinggo gambing kabeh klambine dinggo ambin kabeh yawis dibaleni maneh
untunge setelah etok rahmat sangking maha kuwaos klambi lan katoke wes bener
nyetil demes jan ketok ganteng tenan, tapi accecorise hurung isoh dipasang.
Gandeng selak kusuen akhire dinggo sak isohe. Hasduke di tali pati nang gulune,
taline di gubetke nang bolongan stut lan tongkate di emut gen ketok gaul koyo
gon tipi-tipi.
Bener wae pas tekan kono ora ana sopo-sopo ger ana
bude-bude seng dodol dodol seng mpun radi sepuh karo ana cah gaul ger 1 tok.
Cah loro kui jan sedeh tenan padahal wes dandan klimis ngene tapi malah wes podo
bubaran. Langsung wae podo deprok klesotan nganggo gaya kupu karo mengemut dengkul mewek
tersedu-sedu.
Reti-reti “TULUNG TULUNG TULUNG MALING MALING” jebule
suara bude-bude jogo kedai. Bude ne nuding-nuding mas-mase seng gaul mau seng
lagi mlayu bribit nganggo gaya iwak pesut. langsung wae ambin seng terkenal
sebagai bolang langsung ngetokke langkah bidadarine kanggo ngoyak maling. Tapi
gambing seng dasarane kabotan awak mung klesotan kambi mlongo delok sedulure beraksi.
jebul e malinge mau ya cepet tenan, padahal ambin ger
jarak 1 meter saka malinge tapi ora kecekel-cekel, utunge mripati ambin jeli de
e delok hasduke malinge klebet-klebet langsung wae ditarik hasduke, malinge mau
langsung sentik-sentik ra isoh ambegan.
Akhire kecekel di ewaki uwong-uwong maling e digiring menyang kantor
polisi. Jebule maling mau kui buronan nang ngendi-ngendi pinter nyamar lan
gesit koyo iwak cupang.
Ambin nganggo langkah gaul e di iringi soraksorak
para warga seng delok aksine mau menyang kedai kanggo balekke colongane mau.
Nang kedai wes ana gambing karo bude kedai nunggu karo ngombe es degan.
Jebule bude-bude sepuh mau wes ora due sapa-sapa eneh
dadi ambin karo gambing diangkat dadi anak angkat lan ngewarisi kedei pramukane
mau. Saiki gambing karo ambin wes dadi cah gaul tenan uwong-uwong wes do kenal
ora disepelekke eneh.
nah kui awal-awalane ambin ro gambing dadi wong sugeh.




